Sejarah Desa

SEJARAH DESA REJOSARI
Ing mongso abad kaping 15 wonten wono jati ingkang manggen sisih wetan seganten wonten salah satunggaling petilasan ingkang naminipun Ploso Kuning karyosipun wonten salah satunggalipun nogo ageng ingkang nami Ontho Bogo sawer ingkang ageng saben dintenipun ngedalaken emas keranten wonten ing panggonan dipanggehake emas arupi cincin, kaling lanliyaliyane, Keranten wonten ing panggenan mriku katah ingkang mundhut. Keranten meniko panggenan mriku dipun wastani dusun ngambilan, ssaking dusun Ngambilan lajeng saben dipun panggehaken salah satunggalipun lumpang (kangge nggetah pantun) keranten sesepuh dipun wastani dusun Nglumpang, lajeng mlampah ngidul panggehhaken lepen alit, keranten meniko wonten wit ploso ingkang dipun gunaake ngencang prahu, wit meniko wonten ing pinggir lepen lusi, sesepuh mriku mastani dusun Ploso Nambangan, ingkang dumugi sak meniko wite taksih. Mlampah ngilen maleh wonten mgrombolan tiyang kathah dipun wastani dusun Ngembel, saksampunipun ngaso sesepuh dusun mlampah ngilen lajengngaso wonten ing panggenan mriku, kathah rumput wonten ing pinggir wono lajeng meniko dipun wastani dusun Tepuro, wonteng ing jaman walandha dusun Ngambilan Lan Nglumpang dipun waosi setunggalipun kepala dusun lajeng Dusun Ploso Kaliyan Dusun Ngembel Lan Dusun Tepuro dipun kuwaosi setunggalipun kepala desa, wonten ing jaman walondho meniko kalih dusun meniko mdipun dadosaken setunggal dados desa Rejosari, ingkang nggadahi 5 wilayah utowo dusun.